Tuesday 7 January 2014

Jokowi 2013 DVDRip Film Indonesia Terbaru

Friday 3 January 2014

Ngalamate kedut (kedutan)

Ngalamate kedut (kedutan)



mata-kedutan.jpg

LAMUN KEDUTEN ONO ING ;
  1. saranduning awak kabèh, arep deleng kaéndahan 
  2. sirahé, arep olèh dahulaté ratu
  3. embun-embunan, arep dadi mantri
  4. bathuk tengen, arep olèh arta
  5. bathuk kiwa,arep nemu suka
  6. alis tengen,arep olèh arta
  7. alis kiwa, arep ketemu kekasihé
  8. tlapukan mripat tengen dhuwur, arep olèh arta
  9. tlapukan mripat tengen ngisor, arep nemu kasusahan
  10. tlapukan mripat kiwa dhuwur, arep olèh kabecikan
  11. tlapukan mripat kiwa ngisor, arep nangis
  12. tadhahluh tengen, arep nangis
  13. tadhahluh kiwa, luwar saka prihatin
  14. papadoning mripat tengen, arep ningali kekasihé
  15. papadoning mripat kiwa, arep kasusahan
  16. wrejilané mripat tengen, arep nangisi wong mati
  17. wrejilané mripat kiwa, arep ningali wong saka désa
  18. pipi tengen, arep dipanggawé wong
  19. pipi kiwa,arep lara
  20. irung sisih tengen,arep olèh arta khalal
  21. irung sisih kiwa, arep ketemu kekasihé
  22. lambé tengen dhuwur, arep olèh srama (pangan)
  23. lambé tengen ngisor, arep kapénak awaké
  24. lambé kiwa dhuwur,arep rarasan karo sanaké
  25. lambé kiwa ngisor, arep olèh pagaweyan becik
  26. tengah lambé dhuwur, arep tukaran
  27. tengah lambe ngisor, arep mangan enak
  28. kuping tengen, arep ketemu sanaké
  29. kuping kiwa, arep nemu ujar becik
  30. janggut tengen,arep dimumulé wong agung
  31. janggut kiwa,arep ketemu wong agung diparingi panggawéyan
  32. gulu tengen, arep lara èpèh
  33. gulu kiwa, arep lara nanging gelis waras
  34. pundhak tengen, krabaté nemu lara
  35. pundhak kiwa, arep dimumulé wong wadon
  36. pundhak kiwa lan tengen ,arep lara
  37. bau tengen, arep tukaran
  38. bau kiwa, arep lara
  39. geger tengen, ana wong teka utang dhuwit
  40. ula-ula, arep lara utawa susah
  41. geger kiwa, arep nemu kabegjan
  42. dhadha tengen, arep ketemu kekasihé
  43. dhadha kiwa, arep weruh wanita ayu buanget
  44. dhadha ing tengah, arep olèh kabegjan
  45. susu tengen, arep oleh arta
  46. susu kiwa, arep katekan mantri
  47. weteng tengen, arep olèh rejeki okèh
  48. weteng kiwa, arep olèh arta nkèh
  49. puser (wudel), arep olèh kanugrahaning allah
  50. kekempong tengen, arep olèh wanita
  51. kekempong kiwa, arep duwe anak
  52. atiné, arep olèh arta
  53. tangané tengena utawa kiwa'a, arep oleh arta
  54. epèk epèk tengen, arep olèh arta
  55. epèk epèk kiwa, arep olèh babathén saka dol tinuku
  56. lengen tengen, arep olèh rejeki
  57. lengen kiwa, arep olèh arta
  58. sikut tengen, atiné nemu ora kepenak
  59. .sikut kiwa, arep olèh duduka
  60. driji manis tangan tengen, arep olèh arta
  61. driji manis tangan kiwa, arep oleh wanita
  62. jenthik tangan tengen, arep dipupu wong
  63. jenthik tangan kiwa, arep tinampan dening wong
  64. sela selaning driji tangan tengen,arep olèh seneng
  65. sela selaning driji tangan kiwa, arep kinasihan wong gedhe
  66. jempol tangan tengen, arep olèh bojo becik
  67. jempol tangan kiwa, arep olèh jodho
  68. panudhing tangan kiwa, arep kawirangan
  69. panudhing tangan tengen, arep olèh pagaweyan
  70. panunggul tangan tengen, arep lara
  71. panunggul tangan kiwa, arep susah
  72. lambung tengen, arep nemu susah
  73. lambung kiwa, arep muring-muring
  74. bangkékan tengen, arep olèh kabecikan
  75. bangkékan kiwa, arep dhuweni asih marang wong liya
  76. purus tengen, arep jimak
  77. purus kiwa, arep dadi pangulu
  78. bokong tengen, arep ana wong kang teka
  79. bokong kiwa, sihing allah arep teka
  80. yèn kang keduten wanita, bokongé tengena utawa kiwa'a wanita mau arep olèh guru laki (bojo)
  81. pupu tengen,arep lumaku utawa tetemon karo wong wadon
  82. pupu kiwa,arep ana wong anggawa arta.yèn lara, ana wong anggawa tatamba
  83. cicingklok tengen, arep dimumulé wong
  84. cicingklok kiwa, arep olèh arta
  85. wintis tengen, arep tukaran
  86. wintis kiwa, arep ketemu sanaké
  87. gares tengen, arep lelungan
  88. gares kiwa, arep diundang wong
  89. dlamakan tengen, arep nemu serik
  90. dlamakan kiwa, arep lelungan adoh
  91. sela selaning driji sikil tengen arep olèh gawè
  92. sela selaning driji sikil kiwa, arep olèh jodho
  93. sikilé, tengen utawa kiwa, arep olèh arta, utawa karawuhan priyayi
  94. wawadiné, duwé karep ora bisa kawetu
  95. jubur, nemu lara
  96. gorokan tengen, arep nemu bebaya
  97. gorokan kiwa, arep nemu kasusahan gedhé
  98. githok tengen, arep nemu untung
  99. githok kiwa, arep wèwèh
  100. pagelangan tangan kiwa, arep kinasihan wong agung
  101. pagelangan tangan tengen, arep olèh wahyu becik